Syiir Reuni

بسم الله الرحمن الرحيم

صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَا * وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَا

صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَا وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَا

Ayo anak putu, ngenekno reuni

Ati kompak siyap, sing podho semangat

Ayo anak putu, ngenekno rombongan

Kumpul anak putu, seneng bebarengan

Ayo anak putu, podho bantu ibu

Ngenekno musyawarah, sing podho setuju

Bantu ibu iku ora dadi keliru

Kanggo ngumpul ake dulur anak putu

Anak putu kumpul, diajak tahlilan

Ngirim poro leluhur, moco lafad Qur’an

Tahlilan wis rampung, wong tuwo sing ndungo

Anak putu kabeh podho ngaminano

Rampung reunian oleh pepahaman

Anak putu rukun, damai ketentreman

Sabar narimo iku pada lakonano

Bakal Alloh paring suwargo panggonano

Anak putu nyuwun parek nyang Pengeran

Nyuwun mlarat duso lan perkoro alo

Golek ridho Alloh, ngilangi kebodoan

Nyuwun rahmat Alloh paring kawelasan

Ayo anak putu sholat lakonano

Sholat limang wektu ojo ditinggalno

Aran sholat iku Alloh paring fardhu

Yen ra podho nggugu, Alloh bakal bendhu

Ayo anak putu ngaji sing tenanan

Golek ngamal ngilmu sing sampai ketemu

Pinter ngerti iku gandheng akhlak suci

Katimbalan Alloh keadaan suci

Urip lan tinggal nyuwun kang sampurno

Kuwat iku sehat jenenge mulyo

Podho ngati-ngati lakon ono ndunyo

Katimbalan Alloh supoyo sampurno

Ayo anak putu pati dipikirno

Mikir pati iku ora bakal ino

Badan siji iku kudu dingajikno

Supoyone aweruh dalan nyang suwargo


صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَا وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَا

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Niat Sholat Musafir

Era Digital dan Ke-Wali-an

Sekelumit (Sejarah) Al Khidmah di Kec. Wates (Skripsi 2015)