Khutbah Maulid Jum'at Pertama

Seperti biasa sehabis berbuka puasa, duduk di ruang tamu, sambil baca buku Al-Busyro, itung itung biar makin hafal isinya. Ada tamu datang. Gus e kampungku. Putra Yai Qur'an di kampungku. 

"Pak Priyo, jenengan mbenjing di utus abah e khutbah. Abah e taksih dereng sehat.", begitu pesan dari tamu tadi. 

Singkat cerita, langsung cap cus..

Berikut teks khutbah di Jum'at Pertama bulan Maulud tahun 1444 H, bertepatan tanggal 4 Rabi'ul Awal atau 30 September 2022. Ku sampaikan di Masjid an-Nur, Dusun Semanding, Desa Tawang kampungku.

###

Figur Uswatun Hasanah

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الحمد لله الذي أرسل رسوله بالهدى ودين الحق , ليظهرة على الدين كله , أشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له ، وأشهد أن محمدا عبده و رسوله , اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد صلى الله عليه وسلم وعلى آله وأصحابه كله والتباع كلهم , أما بعد فيا أيها الحاضرون أوصيكم وإياي بتقوى الله فقد فاز المتقون , قال الله تعالى في كتابه العزيز , أعوذ بالله من الشيطان الرجيم لقد كان لكم في رسول الله أسوة حسنة لمن كان يرجو الله واليوم الأخر وذكر الله كثيرا 

Hadirin sidang Jum'ah ingkang dipun mulya'aken Alloh, 

Wonten ing wekdal ingkang kathah barokah meniko, kawulo wasiat dateng kawulo pribadi lan dumateng panjenengan sedoyo, sumonggo tansah sabar anggen kito netepi taqwo dumateng Gusti Alloh SWT, tegesipun sabar nglampahi sedoyo perintah perintah lan nebihi awisan awisan ipun Alloh.

Kaum muslimin rohimakumulloh,

Sampun wonten sekitar setunggal ewu sekawan atus (1400) tahun langkung, awit saking mongso sugengipun junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad Saw, ngantos zaman sak meniko. Permilo mboten aneh, bilih umat istam soyo dangu, soyo kathah ingkang sami mboten mangertos, sinten ingkang patut dipun dadosaken panutan.

Kawontenan meniko dipun akibat aken pinten-pinten perkawis, ing antawisipun inggih meniko kathahipun para ulama salafus sholeh ingkang sampun kapundhut dening Alloh, kurikulum pendidikan ingkang menting aken perkawis dunyo, pengaruh budoyo non islam ingkang soyo dangu, tambah ndodro lan sanesipun. Permilo meniko, pemahaman islam soyo dangu, soyo tambah kabur, ingkang nyebabaken umat islam sami kelangan tauladan utawi uswatun hasanah.

Kaum Muslimin rohimakumulloh,

Bulan Rabi'ul Awal utawi Bulan Maulud meniko saget dados momentum kagem kito sedoyo umat islam. Monggo kito sami enget, bilih wonten bulan Maulud meniko bulan miyosipun figur ingkang patut dados panutan (uswah utawi qudwah) sedoyo umat manungso inggih meniko junjungan kito, Kanjeng Nabi Muhammad saw.

Kathahipun umat islam ingkang kelangan figur Kanjeng Nabi Muhammad saw, sebab kathah ingkang sami mboten purun kenal kanthi saestu sinten to Kanjeng Nabi Muhammad saw meniko. Kito namung mangertos bilih panjenenganipun Kanjeng Nabi meniko utusanipun Alloh.

Namung, longko banget sak meniko ingkang sami kerso mempelajari lan nderek dateng tindak lampahipun (sunah-sunahipuh). Namung ulama' ingkang taksib kukuh anggenipun nderek lan nuladhani tindak lampahipun Kanjeng Nabi, kados dawuhipun Kanjeng Nabi SAW :

العلماء ورثة الأنبياء

Artosipun : "Ulama' iku dadi pewarise poro Nabi"

Saking hadist meniko saget kito pahami, bilih kito ta'at dateng ulama' meniko berarti kito ta'at dateng Nabi / Rosul. Bilih kito ta'at dateng Nabi utawi Rosul, berarti kito ta'at dateng Alloh SWT, semanten ugi suwalikipun.

Kados pundi kito saget kenal Kanjeng Nabi lamun kito mboten purun kenal kaleh ulama'. Kados pundi kito cinta dateng Kanjeng Nabi, bilih kito mboten remen dateng poro ulama'. Lan kados pundi kito nuladhani dateng tindak lampahipun Kanjeng Nabi bilih kito mboten purun belajar dateng poro ulama'.

Kanjeng Nabi Muhamad SAW ugi dawuh :

 عليكم بمجالسة العلماء واستماع الحكماء فإن الله تعالى يُحْيِ القلب الميت بنور الحكمة كما يُحْيِ الأرض الميتة بماء المطار

Artosipun : "Netepono siro kabeh kelawan ngruwang lungguhi (ngaji) dumateng ulama' lan ngrungokno siro kabeh marang hukama' (maksudipun, wong kang ngaweruhi dzate Gusti Alloh SWT, tur kang cocok ucapane lan penggawene). Kerono sak temene Gusti Alloh SWT ngurip ake ati kang mati lantaran nur hikmah, koyo uripe bumi kang mati sarono banyu udan".

Nanging poro hadirin, zaman sak meniko kathah tiyang-tiyang ingkang tebeh saking ulama', mboten nderek dawuhipun ulama'. Lan ingkang langkung mrihatin aken kathah ingkang sami mboten remen dateng poro ulama'.

Kaum muslimin Rohimakumulloh, 

Namung Kanjeng Nabi Muhammad saw ingkang patut kito dhereki tindak lampahipun, keranten sampun dipun dawuhaken Alloh SWT wonten al-Qur'an, suroh al-Ahzab ayat 21 :

لقد كان لكم في رسول الله أسوة حسنة لمن كان يرجو الله واليوم الآخر وذكر الله كثيرا

Artosipun : "Yekti temen-temen ono marang sira kabeh ing ndalem Rosululloh iku tauladan kang bagus, kanggene wong kang ngarep ngarep ridhone Alloh lan dino kang akhir lan wong kang eleng marang Gusti Alloh kanthi eleng kang akeh".

Ayat meniko sampun paring pitedah, bilih Alloh SWT sampun netepaken, yen Kanjeng Nabi Muhammad Saw meniko lah ingkang paling utomo dados tauladan engkang sae (uswatun hasanah utawi qudwah sholihah) kanggene kito sedoyo. Amargi Kanjeng Nabi Muhammad saw meniko luweh sampurno-sampurnone sedanten makhluk, manungso paling terhormat akhlak ipun sarono mencoronge nur (cahyo).

Pramilo, sumonggo kito tansah caket dateng ulama', remen lan mulya aken poro ulama', lan tansah belajar dateng poro ulama'. Amargi kito mboten saget kenal kaleh Alloh lan Kanjeng Nabi bilih mboten kanthi lantaran poro ulama'. Lan mugi-mugi kito saget nderek tindak lampahipun Kanjeng Nabi, sahinggo kito slamet wonten ndonyo lan akhirot, pinaringan syafa'at ugi dipun kempalaken sareng Kanjeng Nabi wonten suwarganipun Alloh SWT. Amin Allohumma Amiin.

جعلنا الله من المؤمنين الفائزين المحشورين في زُمْرَةِ أُمَّتِهِ صلى الله  عليه وسلم في يوم الدين ، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، وما ارسلناك إلا رحمة للعالمين، بارك الله لنا ولكم في القرآن العظيم وقل رب اغفر وارحم وأنت خير الرحمين.

###

Durasi khutbah sekitar 10 menit. Jadi yang terbiasa tidur saat khutbah, maaf ini tidak memungkinkan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Niat Sholat Musafir

Era Digital dan Ke-Wali-an

Sekelumit (Sejarah) Al Khidmah di Kec. Wates (Skripsi 2015)